Kabar apik nembe teka sing Semarang. Pemprov karo DPRD Jawa Tengah wis resmi nyetujui Raperda Calon Daerah Otonom Baru (CDOB) Kabupaten Brebes Selatan. Enem kecamatan: Bumiayu, Sirampog, Paguyangan, Tonjong, Bantarkawung, lan Salem, saiki wis selangkah maning nduweni pemerintahan dewek, karo Bumiayu sing disiapna dadi ibu kotane.
Wong Brebes mesti pada paham, kabupatene dewek kuwe amba nemen. Pesisir lor sing panas nganti pegunungan kidul sing adem, jarak tempuhe ora sedelat. Sedulur-dulur sing Salem utawa Bantarkawung angger arep ngurus berkas nang kota kabupaten kudu nglakoni perjalanan rong jam nganti telung jam munggah-mudhun gunung. Mulane, euforia warga kidul pas krungu kabar kiye ya wajar banget, wong ngenteni wis welasan taun.
Nang tradisine Nahdlatul Ulama (NU), saben kebijakan publik kuwe ukurane siji: tasharruful imam ‘alar ra’iyyah manuthun bil mashlahah keputusane pemimpin kudu nyambung karo kemaslahatan rakyate. Pemekaran wilayah kiye dudu soal rebutan kursi utawa bagi-bagi jabatan, tapi soal kepriben carane ngurusi rakyat ben luwih perek, cepet, lan adil.
Nang ilmu pemerintahan, ana sing diarani Teori Rentang Kendali (Span of Control). Wilayah sing keambahen kuwe angel diawasi lan dilayani kanthi maksimal. Karo Bumiayu dadi pusat pemerintahan, pelayanan kesehatan, pendidikan, lan perizinan bakal lewih gampang dijangkau. Kiye selaras karo prinsip maqashid al-syari’ah kanggo njaga kesejahteraan warga (hifzh al-mal lan hifzh al-nafs).
Sing ora kalah penting, pemekaran kiye kudu dadi momentum nggo ngangkat ekonomi lokal Brebes Selatan. Wilayah kidul kuwe sugih alam: ana pertanian sayur nang Sirampog, kebon teh lan wisata nang Paguyangan, nganti hasil bumi lan kerajinan nang Bantarkawung karo Salem. Nang Teori Basis Ekonomi (Economic Base Theory), daerah anyar kudu ngembangna sektor unggulan lokal ben dadi mesin duwit dewek. Aja nganti hasil bumi wong kidul mung didol mentahan, tapi kudu ana hilirisasi lan dukungan modal nggo UMKM ben duwite muter nang wilayah dewek.
Kajaba kuwe, Brebes Selatan kuwe gudange pesantren lan basis santri. Pesantren ora kena mung dadi penonton nang proses transisi kiye. Nganggo prinsip NU sing al-muhafadzah ‘alal qadimish shalih wal akhdzu bil jadidil ashlah njaga tradisi lawas sing apik lan njukut inovasi anyar sing lewih apik, pesantren kudu dadi mitra strategis pemerintah kabupaten anyar. Ora mung ngawal moral lan pendidikan karakter, tapi uga dadi pusat pemberdayaan ekonomi umat lan kemandirian santri.
Ning, dewek ya aja mung ndeleng enake tok. Pemekaran kuwe ana konsekuensi abote. Nang Teori Desentralisasi Fiskal, daerah anyar kudu siap mandiri nggolet Pendapatan Asli Daerah (PAD). Aja nganti wis resmi mekar mengko, APBD-ne malah entong mung nggo mbayari gajih birokrat lan bangun gedung kantor, dene dalan rusak karo irigasi petani nang desa-desa malah keteteran.
Mulane, prinsip tawasuth (moderat) lan tawazun (seimbang) kudu terus dicekel. Seduluran antarane wong Brebes lor lan wong Brebes kidul aja nganti renggang mung gara-gara batas wilayah administratif. Pembagian aset lan masa transisi karo kabupaten induk kudu diberesi nganggo musyawarah sing adem.
Saiki berkas wis dikirim maring pemerintah pusat nang Jakarta. Tugas dewek bareng-bareng kudu ngawal ben niat apik kiye bener-bener nggawa berkah. Sing penting, mbuh mengko lor mbuh kidul, kabeh tetep sedulur lan tujuane siji, gawe wong Brebes uripe luwih mulya lan berkah sentosa. (*)
Andi Najmi Fuaidi
(Wong Asli Brebes, Anggota DPR RI 1999-2004, 2019-2024)
Eksplorasi konten lain dari News
Berlangganan untuk dapatkan pos terbaru lewat email.





























